Selasa, 09 Desember 2014

Dhisiplin Lalu Lintas

DHISIPLIN LALU LINTAS

          Waktu dina libur Andi sakanca ana bocah enem, pada bonceng numpak montor mubeng Kutha Ngayogyakarta. Dene anggone padha numpak montor kudu nyiapake SIM, kudu nganggo helm sing SNI, lan sing mesti yaiku kudu dhisiplin ing babagan lalu lintas yaiku kudu mangerteni rambu-rambu lalu lintas uga mituhu marang tata tertib lalu lintas.
          Wektu ing dalan, lewati teteg sepur banjur padha mandheg. Sebab wis ana aba-aba/tanda-tanda yen ana sepur liwat dadi kabeh wong kudu mandheg ing jalure sing wis ditemkokake. Mumpangate manawa dhisiplin anggone padha numpak montor miturut tata tertib lalu lintas ora gawe kemacetan ing dalan, uga bisa gayuh keslametan awake dewe lan keslametan wong liya.
          Yen Andi karo kanca-kancane anggone numpak montor ugal-ugalan lan ora nggatekake rambu-rambu lalu lintas temah bisa ndadhekake kacilakan utawa mbebayani tumrap wong liya. Yen Andi sakancane boncengan montor luwih saka loro lan jejer sinambi gegojegan iku nglanggar tata tertib. Yen kena tilang polisi bisa diajokake ing sidang pengadilan negeri lan mbayar denda sing wis ditemkokake. Yen tumindak nglanggar lalu lintas kang abot, SIM bisa dicabut. Saingga utamane para muda kudu netepi tata tertib lalu lintas lan dadi pelopor dhisiplin lalu lintas.
          Yen arep numpak montor kudu ngelingake kanca-kancane yen kudu tansah tumindak dhisiplin netepi lalu lintas ora sak senenge dhewe. Saiki wis ana undang-undang lalu lintas sing ngatur sakabehing tata tertib lan wis ana uga denda sing wis ditemkokake kanggo sing nglanggar tata tertib lalu lintas. Supaya aman ing dalan kudu nggawa SIM, nganggo helm sing SNI, ora kena ngebut, nguripake lampu ing wayah awan lan bengi, lan uga ora kena boncengan luwih saka loro sinambi gegojegan.
          Kanthi netepi dhisiplin lalu lintas bisa slamet tekan ing papan tujuane. Andi lan sakanca saiki wis tumindak dhisiplin ing dalan. Waktu ing lampu abang, Andi lan sakanca urusan karo polisi. Polisi kuwi wenehi pangerten ing babagan lalu lintas. Polisi kuwi njaluk SIM lan STNK-ne Andi lan salah sijining kancane sing numpak montor, untung wae Andi lan kancane nggawa SIM lan STNK saingga ora ditilang.
          Ora mung sing numpak montor wae sing kudu dhisiplin lalu lintas, mesthine sapa wae kang padha nggunakake dalan. Embuh sing mlaku, ngepit onthel, numpak mobil, lan liyan-liyane maneh. Isih akeh wong sing durung duwe kesadharan menawa nyabrang kuwi prayogane liwat zebracross, uga menawa mlaku kuwi prayogane ana ing trotoar, dadi ora bakal kesrempet kendharaan. Menawa kabeh padha dhisiplin kahanane dadi tentrem nyenengake.

0 Komentar:

Posting Komentar

Berlangganan Posting Komentar [Atom]

<< Beranda