Minggu, 15 Juli 2018

Contoh Pidato Bahasa Jawa

Assalamualaikum Wr.Wb
                Mangga kita sesarengan aturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos awit saking sadaya kanikmatan saha kalonggaran wekdal, inggih awit saking sih wilasanipun kula kaliyan panjenengan sadaya pinaringan kawilujengan saha kasarasan ingkang satemah kula kaliyan panjenengan saged nyawiji ing papan punika.
                Para sesepuh, pinisepuh saha aji sepuh ingkang kinurmatan, para sinurdarsana, para kadang ingkang bagya mulya. Langkung rumiyin kaparenga paring samodra pangaksama dhumateng pribadi kula, kula ingkang sampun kumawani jejer wonten ngarsa panjenengan, awit kadrenging manah ingkang kepengin ngaturaken sekedhik kanthi irah-irahan :
“Nguri – uri Kabudayan Jawi ing Tlatah Ngayogyakarta”
                Bapak, Ibu ingkang dahat kinurmatan saha para kadang ingkang bagya mulya, menawi kita wicara bab ingkang sesambetan kaliyan kabudayan ing Ngayogyakarta kathah sanget ingkang saged dipun aturaken. Ing saben RT, RW dumuginipun kalurahan kathah kelompok masyarakat ingkang nguri-uri kabudayan, wonten kabudayan Jawi kadosta ringgit, karawitan, tarian Jawi saha wujud tarian nasional menapa malih kathah mahasiswa saking tlatah sanes ingkang ndherek piwucalan kesenian Jawi.
                Pamerintah Propinsi Daerah Istimewa Ngayogyakarta migatosaken bab kabudayan supados ngrembaka, kabekten nyawontenaken program diploma ingkang maringi piwucalan kabudayan Jawi bab pedhalangan, karawitan, saha tarian Jawi. Dene kabudayan saged lestantun tuwin ngrembaka. Piwucalan kabudayan dipun ajaraken wiwit sekolah menengah inggih punika SMKI utawi SMK Kesenian lan saged dipun lajengaken wonten ing program diploma saha wonten ing ISI (Institut Seni Indonesia) Ngayogyakarta. Wujud kabudayan punika boten namung kesenian pedhalangan saha karawitan kemawon namung ugi seni pahat, seni suara, saha seni musik. Ing saben tigang minggu sepindhah ing Dalan Sudirman ingkang dipun tutup kangge kendaraan utawi Car Free Day wonten pagelaran wujud tarian, karawitan, cokekan, ugi grup band. Wakil saking kecamatan-kecamatan ing tlatah Kutha Ngayogyakarta dados kawigatosanipun masyarakat ing Ngayogyakarta ingkang sami rawuh mirsani pagelaran punika.
                Bapak, Ibu ingkang minulya, kula aturaken agunging panuwun dene putra putri Bapak saha Ibu sampun dipun lebetaken ing sanggar-sanggar kesenian ingkang sampun kathah ing tlatah Kutha Ngayogyakarta punika, amargi ingkang wekdal-wekdal tartamtu asring wonten karnaval utawi festival seni budaya wonten ing Dalan Malioboro. Ingkang nderek festival saking kalurahan-kalurahan saha kelompok masyarakat sanesipun. Adicara menika wujud kreatifitasipun masyarakat babagan kabudayan.
                Bapak, Ibu keparenga kula nyuwun pangapunten dhumateng para sepuh awit atur kula kala wau. Para kadang sadaya makaten sekedhik ingkang saged kula aturaken, temtu kemawon kathah kekirangan saha kalepatanipun, saking menika mugi kaparenga panjenengan sadaya kersaa paring sih samodra pangaksama. Matur nuwun.
Wassalamualaikum. Wr. Wb

Label:

0 Komentar:

Posting Komentar

Berlangganan Posting Komentar [Atom]

<< Beranda