Minggu, 15 Juli 2018

Contoh Cerpen dalam Bahasa Jawa


Salang Surup
Elyssa Ridhaningrum (XI MIPA 5 / 14)

            Sena lan ibune numpak kereta. Ing jero kereta Sena dolanan mainane lan nakokake sak perang bab marang ibune.
            “Bu dhewekne apik ora?”, takon Sena.
“Hush kowe dadi anak ora sopan marang ibune. Ngomong sing bener”, jawab ibune.
            “Nggih Bu... menapa tiyang punika sae?”
Ibune Sena mung meneng wae lan nyawangi Sena.
            “Bu menapa tiyang punika budheg?”
            “Bu menapa tiyang punika tresna dhumateng kula?”
Sena mung takon wae karo ibune, amarga ora dijawab karo ibune. Sena mung ngganggu ibune. Ibune mung ngetokake pasuryan sing mangkel marang Sena. Terusing laku anak lan ibu diterusake numpak bis. Wektu ana bis, Sena lan ibune duwe rasa risih, amarga warga desa suk-sukan ana jero bis kanthi gawa panenane. Sena ora gelem mudun, ibune banjur meksa Sena melu marang dheweke.
Kang kanyata ibune gawa Sena ana omahe simbahe. Wis tekan omahe simbahe Sena, ibune crita marang simbahe Sena yen dheweke wis pisahan karo bojone. Ora suwe saka iku, ibune ninggalake anake urip bebarengan karo simbahe. Manggon bareng Sena karo simbahe ana gubug sing ana ing pinggir padesan. Sena nyoba nyeluk simbahe sing dheweke kira budheg.
“He budheg, kowe budheg”, mbengok Sena.
Nanging kanyata, simbahe noleh lan nyawang Sena. Bengine Sena lan simbahe mangan bareng, nanging Sena ora gelem mangan sing diwenehi simbahe. Dheweke mbalekake panganan kuwi. Wektu wis rampung mangan, dheweke nyoba nguripake televisi, nanging televisine kuwi jebule ora ana gambare. Simbahe nyoba nyedhaki Sena kanti gawa camilan, nanging Sena ora nganggep. Dheweke malah dolanan game lan ora nggubris simbahe, nganti lengser wengi isih wae dolanan game.
            Esuke, simbahe wiwit nglakoni gaweyan biasane yaiku njupuk banyu ana kali. Sena sing ora gelem ditinggal dhewe, sak banjure terus melu simbahe. Simbahe terus mlaku lewat dalan sing akeh watune. Ing dalan, dheweke ketemu karo warga kampung sing liwat. Nanging ora ana siji wae sing takon dheweke, malah wong kuwi katon keweden lan mlayu wektu weruh simbahe Sena. Sena bingung karo sikape wong kuwi. Dheweke banjur takon marang simbahe.
“Menapa sebabipun tiyang-tiyang sami ajrih dhumateng simbah?”
Simbahe mung meneng wae terus nerusake lakune. Sena pijer takon wae karo simbahe, ananging simbahe tetep meneng ora jawab. Saengga dheweke wis tekan ana kali, Sena ketemu meneh karo warga kampung. Padha wae, wong kuwi katon keweden lan mlayu wektu weruh simbahe Sena. Sena terus mlayu nyedhaki wong-wong mau.
            “Kados pundi kok panjenengan ngajrih kaliyan simbah?”
            “Aja cedhak-cedhak karo aku, simbahmu kuwi...simbahmu kuwi ki”
Dumadakan wong kuwi meneng lan mlayu karo motore. Sena banjur noleh mburi,  kang kanyata ana simbahe. Simbahe nyekeli tangane Sena.
            “Simbah mboten sah nyepengi tangan kula!”
Sena banjur terusing mlakune tumuju kali lan simbahe ngetutke saka mburi. Sawise tekan ana kali, simbahe banjur njupuk banyu. Sena mung ndelok wae .
            Bengine, Sena nyoba metu saka omah. Sena mlaku tumuju omahe para warga. Sawise tekan, Sena mung disawang karo warga.
            “Bocah kuwi cucune simbah kuwi ta?”
Wong-wong mau terus rembugan banjur ngusir Sena. Wektu arep budal, simbahe teka lan warga kampung kuwi kesusu mlebu omahe dhewe-dhewe.
            “Menapa kok simbah wonten mriki?”
Simbahe nyekeli cucune mau lan ngajak mulih. Sena saya bingung. Sena banjur pitakon karo simbahe.
“Sak leresipun panjenengan menika sinten? Menapa sebabipun tiyang-tiyang sami ajrih dhumateng simbah?”
Sak tekane ana omahe simbah. Simbahe ngajak Sena ing mburi omahe. Simbahe crita yen wong-wong kampung wedi ana sebabe. Alasane, simbahe didakwa nyulik warga lan ngebunuh wong sing diculik mau. Sena wiwit ngarasa mesakake karo simbahe.
            Esuke, dheweke sarapan ing ngarep omah. Sena seneng karo panganane. Simbahe nyawang lan mesem. Simbahe nyodorke pangane marang Sena. Sena mung meneng lan akhire Sena njupuk lawuhe kuwi. Sawise sarapan, Sena banjur celathu marang simbahe.
            “Wah mbah, pangananipun eco”
            “Ya ta le, yen pancen lawuhe enak..sesuk tak masakke meneh”
Simbahe banjur ngajak Sena njupuk banyu meneh ing kali. Nanging, simbahe ngajak dheweke sisan mancing iwak ana kali. Sena seneng banget dijak macing karo simbahe. Dheweke entuk iwak akeh, mawarna-warna kayata mujair, nila, lele, lsp.
            Sena wis manggon ana omahe simbah wis entuk telung wulan. Dheweke seneng manggon karo simbahe sebab entuk pengalaman warna-warna. Dheweke ora gubris pamikirane wong-wong nek simbahe kuwi sering nyulik wong.
            Sawijing bengi, Sena dolanan ing cerak omahe simbahe. Dumadakan ana sing nyedhaki Sena. Sena dibekep lambene lan digawa mlayu. Sena diculik karo wong mau. Sena nglawan penculike lan mbengok njaluk tulung marang warga lan simbahe. Wong-wong kampung kaget banjur mlayu tumuju asale swara. Sawise warga teka, penculike banjur nglepaske Sena terus mlayu. Para warga kampung kuwi banjur ngoyak penculike. Sena nangis. Ibu-ibu warga kampung kuwi banjur ngeterake Sena tumuju omahe simbahe. Tekan omah, Sena banjur ngruket simbahe.
            “Ana apa?”, takon simbah marang warga.
            “Niku mbah, kala wau Sena....”
            “Uwis, kula sampun ngerti ana apa”, jawab simbah.
Warga kampung njaluk ngapura karo simbahe Sena sebab wis duwe prasangka sing ala. Simbah mung mesem lan terus ngruket Sena. Kesalahpahaman warga wis dingerteni banjur para warga padha duwe pangerten lan sanggup mbantu simbah yen simbah nandhang kesusahan.

Label:

0 Komentar:

Posting Komentar

Berlangganan Posting Komentar [Atom]

<< Beranda